Zamroni Allief Billah
WUS ORA BISA SAHITYA
Cukup nimas aja ngucap nadyan sakecap
sak durunge kumrentek ana dhadhamu
lan sak durunge sliramu gawe luput
rasa sih katresnanku
wus luwih dhisik
nglilakke kabeh salahmu
ora mung samudana
apa dene memanise rasa
aku lila
engga tumekane sliramu lunga
kagodha
nanging sawiji kang ora bisa
nadyan sepira gedhene kahyuna
saha giliging tekatmu
bali ngrajut talining rasa
aku ora bisa sahitya
apa maneh tumekane kaya sedya kala
krana ombak segara wus tega
mecah kukuhing karang ana dhadha
becik kowe lunga
lan kabeh luputmu wus sinepura
aja pisan ngarepke aku bali
kaya dene wingi kawuri
krana ati wus kadhung kekunci
nadyan tresnaku ora dak selaki
Jombang, 11 September 2010
Sungguh Er aku memaafkanmu
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar