Jumat, 10 Mei 2013

Pilih Gubernur Golongan Putih

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 10 Mei 2013 | 09.39.00 | Location:Tegaldowo, Gunem, Rembang, Central Java, Indonesia
Jawa Tengah wis mulai rame padha arep nemtokake pilihane. Gubernur Jawa Tengah sing kaya ngapa sing dienteni masyarakat ing mangsa tahun tahun kang bakal kelaku.

Kabeh yekti padha ngarep arep duweni Pimpinan sing amanah bisa ngayomi tur ngayemi tumrape kawulane. Ora mung pimpinan sing sok dol tinuku tanah gunung lan bandhane negara.

Ora mung janji ora bakal ngapusi ora bakal korupsi! Nanging kanyatan sing kaya mengkono kuwi yektine sing dadi pangimpene masyarakat Jawa Tengah.

Apa gunane yen duweni pemimpin nanging bisane mung kong kalikong kelawan kapitalis kanggo ngrusak alam, ngrusak tatanan lan kabudayan.

Gunung gunung pranyata dadi tandhon banyu sing banget dibutuhake masyarakat. Luwih-luwih tandhon kanggone kabutuhan tetanen lan sakpinunggalane.

Mula yen gunung-gunung dirusak, kamangka kuwi tandhon banyu. Banjur kaya ngapa kedadeyane yen gunung-gunung kuwi dirusak. Padha karo mateni sandhang pangan lan panguripane masyarakat sing urip ana sakiwatengene gunung.

Apa pimpinan kaya ngono kuwi sing arep dipilih? Yen milih pimpinan sing kelakuwane kaya ngono kuwi ora beda karo Bunuh Diri.

Mula ora nyalahake yen ana golongan masyarakat sing luwih pilih dadi Golongan Putih utawa pilih meneng wae ning omah ora nyoblos ketimbang milih calon calon sing ora dunung. Bisane mung ngrusak lan adol gunung.

Nanging yen antarane calon calon kuwi ana sing sekirane bisa nggawa tumuju kemakmurane Jawa Tengah tanpa ngrusak gunung, ngrusuhi dulur tani ya kirakira kuwi pilihan sing pantes diusung lan didukung.

Apa ana?

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman