​

Rabu, 15 Agustus 2012

Sasi Wanci Sesuci

Penulis Zamroni Allief Billah | Rabu, 15 Agustus 2012 | 00.54.00 | Location:Sale, Indonesia
Upama ngertiya kaya ngapa kanugrahan
lan gedhene kamurahan kang tumurun
asok lumeber sajroning sasi suci

yekti bakal lelumban
kaya iwak-iwak kang padha ura tengah segara
ngoyak janji suci pangapuran

Nanging saknyatane kaya ngene
wegah-wegahan dedolanan
weteng lesu kanggo alesan

Lali yen iki wulan kanggo ngudi
mersudi pangiyupane kang Maha Suci
nata raga ngolah tataning jiwa
kareben lemes, alus lulus

Rembang, Romadlon 2012
​

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman