Sabtu, 30 Juni 2012

Geni Mlumpat Omah

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 30 Juni 2012 | 14.39.00 |
Misteri:
Kedadiyan iki nembe Setu isuk (30/06) sauntara jam 01.30 WIB. Nalika tokone Bu Turfiah (47) sing ana Pasa Sale Kecamatan Sale kobong ana kedadiyan aneh. Kulone toko kang kobong kuwi ana toko kosong. Sak kulone toko kosong ana warung sega. Toko kosong kuwi selamet nanging warung sega melu kobongan.

Kedadiyan iki dadi gawoke saperangane wong kang melu tetulung. Nalika golek banyu kanggo mateni geni dumadakan ngerti yen warung sing kegangan toko kosong kuwi melu kobongan.

Setyo Utomo (52) warga Desa Sale ngandhakake yen kuwi kedadiyan sing ora mlebu nalar. Nanging nyatane kaya mengkono. Kaya-kaya geni mlumpat omah sing dienggo toko. Banjur ngobong warung sing ana sak kulone toko kuwi.

"Banjur omah cilik sing dienggo warungan kuwi disiram dhisik. Supaya genine ora dadi gedhe banjur mrembet ngobong omah warga," ucape.

Dikuwatirake yen warung kuwi kobong mengkone geni bisa nyelet omah kang ana sakiwa tengene. Krana warung lan toko kuwi cedhak banget karo omahe warga Sale.

Miturut Ki Kesuma Narendra pancen ana gegaman sing bisa kanggo tetulak sakwernane geni. Nanging kedadiyan kang ana Sale kuwi bisa uga krana liyane. Mletike geni bisa uga krana banget gedhene engga ngliwati sakdhuwure omah.

"Perlu dibuktekake dhisik kepriye sing bener. Apa maneg tokone Bu Turfiah sing kobong kuwi isine sakwernane onderdil sepeda montor. Oli lan sakpinunggalane bisa dadi jalaran engga geni mletik adoh," ujare.

Ki Kesuma ngandhakake yen jenise keris utawa tumbak singkir pancen bisa kanggo sarana tetulak sakwernane geni. Nanging omah sing kanggo toko kuwi miturut critane wong akeh uga wis suwung suwe. Bisa uga ana 'faktor' liyane kang dadekake geni ora doyan nyelet.

"Kabeh ora mokal kedadiyan ana ing ngalam donya iki," pungkase Ki Kesuma karo mesem.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman