Kamis, 24 Mei 2012

Pathok Kuburan Jero Wit Gedhe

Penulis Zamroni Allief Billah | Kamis, 24 Mei 2012 | 06.46.00 | Location:Wonokerto, Sale, Indonesia


Panggonane ana pinggir dalan gedhe jurusan Lasem Jatirogo. Kurang luwih 200 meter sakmburine Asperan Tuder. Nanging ora akeh warga sing weruh yen ana 'persemaian' kuwi ana salah sawijine wit gedhe sing 'unik'.

Kaya wit ringin nanging seje godhonge, rada dawa sethithik ngemperi godhong ipik. Wit sing gedhene sak rangkulane wong adiwasa iku jerone ana tenger sangka semen. Dhuwure petek kuwi kurang luwih ana rong meteran. Embuh kepriye larah-larahe petek sing siji nganjir kuwi kok bisa persis ana jerone wit. Warga sakiwa tengene ora ana sing bisa aweh katrangan sing gumathok.

Zainuri, warga Tuder nerangake sithik yen ana burine Asperan kuwi kuburane wong Walanda. Nanging sapa jenenge lan kepriye larah-larahe uga mung sethithik banget sing dingerteni. Leluhure Zainuri biyen klebu wong pinter ana desa kana. Dadi paran para ana Dusun Tuder Desa Wonokerto Kecamatan Sale.

"Biyen iki perumahanae wong Landa. Yen cara jaman saiki ya klebu bos utawa wong sing duweni pangkat. Miturut crita sing dakrungu sangka simbah biyen ya kluwarga wong Landa sing dikubur iki biyen sing ngopeni pabrik piring ana wilayah Tuder. Nanging sejarahe kepriye terus sing dikubur kuwi sapa wae jenenge, ora ana crita sing jelas nerangakae," ujare Zainuri.

Ana petek telu ing buri Asperan kuwi. Sing loro kaya lumrahe kuburan senajan yen saklebatan mung kaya lungguhan sing dijejer. Krana bahane sangka semen lan mung loro jejer ora ana liyane. Sing siji ngadeg antarane rong meter saiki ana jero wit gedhe kuwi.

Nanging ora kabeh digubel wit gedhe engga isih katon wujude yen kuwi cor-coran sing ana jero wit. Sing aneh wit sing nggubeli kuwi mau saben pinggire ana bolonge. Kaya-kaya nuduhake marang wong sing nyawang 'Iki lho bentuk asline watu iki'.

Wallahu a'lam, namung gusti sing ngudanaini apa lan sapa sejatine kang ana kana. Kabeh lumaku sangka panguwasane gusti. Ora ana barang kang mokal lumaku ana ngalam donya iki. Gumantung manungsa bisa ngrasakake kanthi pangrasane utawa mung dadi panyawang sing endah tumraping mata.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman