Jumat, 03 Februari 2012

Nyidham Sabun, Lair Ampuh

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 Februari 2012 | 10.01.00 | Location:Sale, Indonesia
Nyidham Sabun, Lair Duweni Kaluwihan

Bu Puji, salah sawijine bhayangkari sing pinarak ana Desa Sale Kecamatan Sale Kabupaten Rembang duweni kisah sing ora mlebu nalar. Nalika ngandhut putrane sing barep ngrasaake prakara kang aneh ing awake. Sing padatane ora doyan duren dumadakan bendina entek duren nganti ora ketung cacahe.

Ora kaya jamake wong kang seneng dhahar duren. Sing luwih aneg maneh nalika Puji ngandhut putrane ya kuwi dumadakan dhewekne seneng maem sabun adus.

"Sabun siji bisa kanggo rong dina," tuture.
Ora bisa yen saben dinane Puji ora dhahar sabun. Senajan diempet kaya ngapa nanging tetep ora kuwawa yen ora dhahar sabun.

Ana rasa kuwatir, sumelang sajroning ati soal fisike jabang bayi. Kuwatir yen bayi ing mengkone lair cacat lan sak pinunggalane. Apa maneh Puji nembe ngandhut sing kapisan.

Dina sik tunggu tumeka. Sakwuse sangang wulan jabang bayi lair slamet lan ora ana kekurangan babar pisan. Bayi lair wadon lan ayu banget engga pungkasane bayi kuwi kaparingan asma 'Ayu' Indriyati Wahyuningsih.

Bareng Ayu wis ngancik umur patang taun, jebul duweni kaluwihan sing nembe dimangerteni dening kanca-kancane. Bocah kuwi ora duweni wedi babar pisan karo sato galak. Ula gedhe sing biyasane bocah pada kuweden nanging Ayu malah seneng banget.

Ora mung kasenengane Ayu marang sato galak, kewan alasan. Bocah cilik kuwi miturut tangga teparo uga duweni kaluwihan bab ghaib. Bisa mangerteni kedadiyan sing durung tumeka. Malah uga asring dadi rujukan pitakone wong kang seneng tombok nomer.

Ora kinaweruhan prakara apa kang dadekake Ayu duweni kaluwihan. Apa merga nyidham sabun engga bareng lair duweni kaluwihan. Apa malah suwalike, merga ponang jabang bayi sing durung lair kuwi duweni kaluwihan engga sakdurunge lair uga duweni pepinginan ora kaya jamake wong ngidham liyane.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman