Selasa, 31 Januari 2012

Pilih TKW Wae

Penulis Zamroni Allief Billah | Selasa, 31 Januari 2012 | 22.56.00 | Location:Tegaldowo, Gunem, Indonesia

Mripat abang mambu ciu, mas Karto mulih sangka warung langsung menyang pawon. Jupuk pedang banjur nyusul aku menyang kamar.
"Suti! bangsat kowe," ngerti mas Karto keranjingan aku banjur mlayu metu.
"Sabar mas, sampeyan ki ana apa?" pitakonku ngedhemake kahanan. Nanging mas Karto sajake wis ora ngrungokake aku. Banjur aku dibanting lan dilungguhi dhadhaku. Ora mung kuwi, pedang kang ana tangane dikalungake guluku. Anak lanangku sing lagi mulioh sekolah banjur njerit sak bantere.

Tangga teparo kabeh padha teka lan nglerem mas Karto. Aku mung bisa nangis ngrasaake lelakon kang kaya-kaya ora kuwat nyangga. Jebul mas Karto gela bareng aku crita simbok yen gelang kalungku ilang kabeh kadol dienggo main lan ngombe karo mas Karto.

Pungkasane tak putusake kanggo lunga wae, pilih dadi TKW, amarga Indonesia wis ora nyediaake cukup dalan pangan kanggo nerusake urip bebrayan.Apamaneh mung lulusan SMA kaya aku iki paling banter dadi babu sing bayarane ora sepira. Ora bisa nyukupi kebutuhan bendinane.

Ngilangake rasa kuwatir sangka akehe warta kang sumebar ing koran, radio lan tv babagan penganiayaan lan pelecehan TKW, Hongkong dadi pilihanku. Sponsor sing teka ana desaku ngiyakinake yen ana Hongkong aman. Saben dina minggu prei bisa dimanfaatake kanggo les, sekolah lan sakpinunggalane. Supaya para buruh Migran Indonesia (BMI) bisa duweni keprigelan lan ketrampilan sakwuse bali ana Indonesia.

Medhot rasa trenyuh ninggalake anak sing banget taktresnani, cukul pangangen kango nerusake pangangenku duweni kabisan sing luwih. Engga sakwuse bali ana Indonesia aku bisa mergawe tanpa nggantungake gaweyan marang pamerintah lan pengusaha. Saknyatane ana desaku anane ya mung tani kang mung gumantung ing mangsa. Yen rendheng nandur pari, sakwuse kuwi sawah lan tegalan mung bera ora ana cecukulan babar pisan.

Telung wulan ana Hongkong aku ketemu Syarofah. Bocah kenes sing asline sangka Magetan iki crita yen dheweke ana rong tahun dadi BMI ing Hongkong.
"Wis setahun aku malah nerusake kuliah ana kene mbak," ujare ROfah sawijine dina
"Lha yen aku pengin melu kepriye carane?" pitakonku kepengin ngerti. Ngrembaka rasane atiku entuk warta sangka kanca yen ana kene aku bisa nerusake sekolahku. Sangka Rofah aku uga dadi ngerti panggonan-panggonan ngendi wae kang bisa tak tuju kanggo nambah kabisan.


       Angranggeh langit nggayuh kekarepan, aku ninggalake anak lanang siji, melu simbahe ana Bitingan. Desa ana pucuk gunung kang mlebu wewengkon Kabupaten Rembang. Mbundheli impen muga lungaku dadi BMI bisa dadi jalaran dandani ekonomi kluwarga sing saya morat-marit.

Bojo mung senengane main ngentekake bandha lan donya. Sangsaya suwe urip ana desa ora bisa nggayuh katentremaning urip nanging isine mung congkrah lan tukar padu karo wong lanang.
Mengko Sakwuse rong tahun ana Hongkong, entuk jatah prei sangka majikan. Rasa kangenku sangsaya gedhe ngetung wektu kang lumaku ngarepake enggal ketemu kluwarga ana Indonesia. Pamujiku mung siji, muga sasuwene tak tingga rong tahun ana negara liya mas Karto wis ora kaya biyen maneh.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman