Rabu, 29 Desember 2010

Blaka Suta

Penulis Zamroni Allief Billah | Rabu, 29 Desember 2010 | 15.02.00 |
Becik kandha kang pratela
tekamu ing omah tuwa iki
sajak nyalawadi

thingak-thinguk anggoleki
embuh watu apa kayu
katon bingung arep ngawiti

pitakon
apa panjaluk ora terang
klagepan kaya klelep tengah segara
lambemu kumecap ora bisa kandha

apa dluwang iki
utawa mangsi tulis
kang dadi kanca raketku
saben wektu kang lumaku

utawa karep atiku
nyepi sawiji ana gladhag
omah tuwa iki

apa karep lan pitakonmu
becik kandha
blaka suta

Rembang, 29 Desember 2010
"Ahrsa"

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman