Kamis, 28 Oktober 2010

Manuver

Penulis Zamroni Allief Billah | Kamis, 28 Oktober 2010 | 19.10.00 | Location:Sale, Indonesia
Zamroni Allief Billah

I

Ora kaya lakune srengenge
bisa dakanti kapan mletheke
uga mesthi wektu surupe

pontangpanting lumaku
nututi playumu
ora beda layangan pedhot

II
yen pangeluse angin sore
tumeka wancine bakal lunga
anggawa sakabehing crita

kalebur mangsa
kang gilir gumanti tumeka
larung tengah segara

nanging kedutmu wae
ora terang terwaca, gamblang
antarane urip lan mati
gawe kagol sajroning ati

urip kuwi pilhan

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman