Selasa, 08 Juli 2014

Barongan Sale Duweni 'kas' Dhewe

Penulis Zamroni Allief Billah | Selasa, 08 Juli 2014 | 21.42.00 |

Barongan, ngomongke seni siji iki pancen ora ana enteke. Ana wae kaendahan sing katon lan ora katon mata. Kabeh bisa disawang lan dirasakake tumrape sapa wae sing gelem niteni.

Kayata Barongan Blora sing wis kawentar saindhenging nuswantara. Saben nyebut barongan sing Kelingan pisanan mesthi Kutha Blora.  Semono uga nalika keprungu reyog sinebut yekti Kutha Ponorogo sing banjur katon panyawanging netra.  Senajan sejatine ora kaya mengkono. Akeh nyatane Barongan kondhang nanging dudu grup Blora.  Samono uga Reyog, ota sithik Reyog saka jaba kutha Ponorogo nanging ora kalah kondhang.

Antarane Reyog apadene Barong an saka panggonan siji lan sijine padha duweni ciri apadene kas sing beda.  Semono uga, senajan mbok-mbokane Barongan ana ing Tlatah Blora nanging Sale menawa wae kecamatan liya ing kutha Rembang uga duweni lagak utawa ciri sing kusus. Beda antarane Barongan Rembang, Blora uga Tuban.

Salah sawijine pembarong lawas Sale, Lik Janadi nate dhawuh yen Barongan Sale kuwi garis besar lan cirine ya kuwi iki.... iki....lan iki. Sing jebul pancen mung barongan gagrag Sale sing duweni tata cara kuwi.

Mula, nalikane ana bocah limolasan padha menyang Sanggar Jagat Setra (Sanggar Kecubung Wulung) banjur gumregah sajroning ati nalika bocah bocah kuwi nembung yen pengin latihan.  Mula banjur dakrembug kelawan pelatih tari uga pangiring kapan dhewekne duweni wektu kanggo nyinaoni bocah bocah kuwi.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman