Senin, 13 Desember 2010

Omah Suwung

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 13 Desember 2010 | 07.51.00 |
Mung dadi kratone tikus
lelomban gawe dhelikan
aman sangka jalma

omahmu kang suwung
gawe aman sato kewan
sawang kang kebak saben pojok
sakehing panggonan

sepi koktinggalake
embuh ana ngendi?

enggala bali
reresik angrantu
tumekane tamu kang yekti tumeka
ora gawa warta mung arep seba

gawa layang timbalan
sangka pepujaning urip
kanggo sliramu

resikana!
sawanci seba
tamu agung, ora manggon
omah suwung

Rembang, 13 Desember 2010

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman