Para leluhur biyen pancen ora bisa disepelkake. Anggone ngrajut tetembangan sarana tirakat lan prihatin. Engga tetembangan kang dicipta mau ora mung endah nanging kebak pitutur lan uga duweni yoni kang ngedab-edabi
Kayata tembang kang ana ing seni tradisi Laesan. wis akeh sing nyataake keampuhane tetembangan iki. Pak Yon Suprayoga, salah sawijine tokoh Lasem nuduhake yen nate ana salah sijine pawongan sing suwe ngrasaake lelara. Golek tamba ana dokter ngendi wae ora bisa ngurangi lelarane mau.
Nalika ing Lasem ana latihan Laesan, bocah kuwi teka ana ing kalangan. Ana pinggir kalangan ngresepi tetembangan saka para seniman laesan iki. Ora ngerti daya apa kang nguwasani awake dumadakan donya rasane muter-muter, sirahe benget abote engga dheweke ora sadar.
Sing teka ana kalangan kono padha ora ngerti yen dheweke lagi ngrasaake keanehan sing tumiba. Ora suwe, rasa abot ing sirahe ilang banjur wetenge dumadakan kaya diremes-remes. Banjur krasa kaya ana sing ngantem dhadhane.
Kaya ana barang kang munjuk sangka wetenge, kasurung munggah. Sakwuse mutah getih banjur awake rasane plong. Entheng lan lelara sing wingi ana ing awake ilang babar pisan. Embuh sangka ngendi asale dheweke uga ora mengerteni kedadiyan kuwi mau.
Pancen samubarang yen dilakoni kanthi temenanan bisa nuwuhake prakara kang ora kanyana-nyana. Apa maneh leluhur biyen anggone ngudi kawicaksanan kanthi temen lan ngrasaake prihatin kanthi temenanan. Ninggal turu ing mangsa wengi lan tansah ngadohi lelakon kang bisa gawe laraning liyan. Tansah ngati-ati ingdalem lelakune engga nuwuhake keampuhan kang ora kanyana-nyana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar