Billah
ngliwati lurunglurung suwung
lumayu ing pucuk gunung
miyak wingite bumi lan ati
sangka sedya kang ginurit
: endah pepaesing lathi
amrihe saeka kapti tuwuh wujud
ora mung lahir ananging
tumusing labet labuh ana batin
keket rinengkuh ana dhadha
cengkir gadhing sangking bapa
lan weling aja dibuka kejaba ing sapinggire telaga
sangisore waringin agung
katon kumlerap kasunaran cahya
banyu telaga kang cinarita
surya lawan candra reruntungan
ngiring cengkir gadhing kang tumeka
: wancine tinarbuka
281010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar