Sapinggire lurung kang kebak gegrumbulan
wewangunan kuna katon padha ngrengka
batabata wis ora abang maneh semu ireng kagerus wektu
noleh mangiwa namung katon ara-ara bera
manengen katon telaga kang nyadhong tumurune udan
gawe pitik cilik saya trataban
atine sumelang kelingan dongenge simbok
rikala arep merem ing papan peturon
akeh godha rencana sato galak
embuh ana ngalam ngendi satemene
kang ngrungkebi paningale engga lena
sangking senenge ora mrayoga dalan kang dawa
sakupenge wewangunan kuna
Kamis, 30 September 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar