Sabtu, 04 September 2010

Wancine Sengara Tinarbuka

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 04 September 2010 | 20.55.00 |
Zam AB
Wancine Sengara Tinarbuka

Angin sore miyak gegodhongan saha
kembang kembang kang ana pendhapa
pepaesing kang pinuju muruhita

binarung swaraning para putri
kekidungan ana ing taman sari
ngelingake wanci ratri purnama sidi

byar padhang rembulane
wancine klasa saha uba rampe
ginelar ing ara ara sengara
: ati kang tinarbuka

supaya padhang jingglang
ara ara samun kang kebak
watu watu saha sato galak
wancine sengara tinarbuka

Rembang, 04 September 2010
gung liwang liwung

2 komentar:

Sukadi Brotoadmojo mengatakan...

dadi kelingan jaman semana, jagongan neng latar sinambi dolaan jamuran... :)

maturnuwun sampun kersa mampir dumateng blog kula Pak... nuwun

Zamroni Allief Billah mengatakan...

Dhawah samisami. ... wilujeng siyang

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman