Sabtu, 04 September 2010

Watu Kenong : Wingit Kaya Kenong Racun

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 04 September 2010 | 12.38.00 |
zamroni allief billah

Watu Kenong : Wingit Kaya Kenong Racun

Njugrug ing sapinggire dalan kang pas ana tengah tengah antarane perdukuhan loro ya kuwi Jatirejo kelawan dusun Bitingan. Karo karone kuwi kalebu desa Bitingan Kecamatan Sale Kabupaten Rembang.

Mirsani kahanane sing dhuwur rada miring lan ngebaki satengahing dalan pancen wus gawe ati miris, apa maneh pancen hawa wingit kang ana ing bumi kang kebak sesingker kuwi gawe wulu padha ngadeg lan nuwuhake rasa merinding sing embuh teka ngendi asale uga angel diceritaake.

Miturut eyang Kesuma Narendra salah sawijine pawongan kang mangerteni babagan ngalam kang sinebut ngalam ghaib, panjenengane dhawuh yen pancen ana watu Kenong kuwi tumekane wektu iki isih dadi panggonane jin perayangan lan sapinunggalane. “krana jin kuwi wis anak kemranak ana panggonan kono dadi yo ora bisa di owah owah maneh, asal manungsa ngerti suba sita lan padha kajen kinajen yo ora dadi ngapa” mengkono miturut Ki Kesuma

Semono uga warga sakiwa tengene watu Kenong ya padha mbenerake apa kang didhawuhake Ki Kesuma, malah miturut Mbah Sumari sing menangi kedadian setengah tahun kepungkur, wektu kuwi mbah Sumari pinuju angon ing sapinggire watu Kenong, leleyehan ana sapinggire dalan dumadakan ana bocah boncengan montor pit katon seneng sing nganti kladuk.

Embuh kabegjan apa mbah Sumari yo ora ngerti, nanging yo kebacut yen turut dalan gemuyu nganti ora mraelu kiwa tengene malah malah kaya wong edan “wah arep nemoni bilahi bocah iki” kaya mangkono mbah Sumari Mbatin ana sajroning ati.

Ora suwe kira kira seprapat jam bocah loro kuwi wis bali maneh teka arah kulon bali marang omahe, miturut mbah Sumari pancen bocah lanang wadon kuwi mau saka desa Tengger kang arahe sawetane desa Bitingan. Tumekane arah kulon bocah loro kuwi isih ngguya ngguyu tanpa ana kawigaten babar blas marang kang ana sakiwa tengene.

miturut ceritane mbah Sumari sapa wae kang liwat ana watu Kenong kudune ngerti tata krama, sing werdine bisa kanthi uluk salam utawa cukup sajroning batin kandha yen arep liwat lan sapinunggalane miturut keyakinane dhewe dhewe.

Nanging bocah loro kuwi pancen wis kladuk anggone seneng nganti lali apa yo pancen ora ngerti yen liwat panggonan kuwi kudune ana suba sitane, bener uga kang mau kumrentek ana batine mbah Sumari. Pas bali teka arah kulon persis sak ngisore watu kang njugrug gedhe yo watu Kenong kuwi, bocah loro jengkelangan lan ora ketulungan sing wadon mati sak nalika lan sing lanang nganti tumekane wektu iki isih ngliwung yen menawa miturut katerangane dokter jarene gegar otak trus amnesia.

Ing antarane jin lan manungsa kuwi duwe ngalam kang beda nanging ya ora bisa dipisahake ngono dhawauhe Ki Kesuma, ora kudu nganti nyembah nyembah mring jalma sing dititah urip dawa kuwi nanging sing prayoga kudune kajen kinajen, mangerteni panggonane utawa maqome dhewe – dhewe.

Apa maneh yen ningali kaya kahanane bocah loro kuwi yo pancen kladuk olehe ngrasaake seneng engga ora konsentrasi anggone nyetir. Dadi logikane wajar yen nganti tumekane jengkelangan kaya mangkono kuwi mau. Apa maneh yo ora sopan, ana wong tuwa ing sapinggire dalan kok ora di praelu babar blas. Seneng yo seneng tapi kudu ngerti papan lan panggonan supaya ora dadi rerasaning tangga teparo lan dhedhemit…… ???. (zam)

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman