Jumat, 03 September 2010

Marang Sliramu Dak Titipke Wengi Iki

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 September 2010 | 21.11.00 |
Zamroni Allief Billah

Marang Sliramu Dak Titipke Wengi Iki

Pamintaku marang sliramu
pocapane biyen arikalane padha ngangsu
satengahing ara ara mangsa ketiga
sangka sepuh nalika paring dhawuh

anggawa kranjang mata era
reruntungan golek banyu tawa
ewuh aya pambudine para manungsa
ora rumangsa anggone kesel ora guna

panase donya ora dirasa
uga sakehing godha rencana
nanging tumekane candhik ala
pandeng pinandeng ngemu surasa

engga madyaning ratri
durung tinemu apa kang digoleki
suwara tanpa rupa dhawuh nyawiji
mring sakabehing ati kang padha marsudi

jumbuh dhawuh para sepuh
ing kawitan langkah niat jumangkah
: marang sliramu dak titipke wengi iki

Rembang, 3 September 2010
wanci sukra tengah wana

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman