Jumat, 03 September 2010

Mring Ati Kang Wingit Kebak Sesingker

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 September 2010 | 21.09.00 |
zamroni allief billah

Mring Ati Kang Wingit Kebak Sesingker

I
Ngulandara ing akasa
rinengkuh mega mega terwaca
sliramu wus tumlawung keduwung

nanging ora ngerti ngendi dalan bali
mring donya sawiji kang sejati

luh kang tumetes kembeng ana netra
sayekti mung lamis gawe memanis

II
wengi iki ora beda wengi kawuri
rikala aku lan sliramu nguda rasa
miyak ratri jumangkah tetirah

tangismu kang mijil saka ati
rumangsa kesrakat prasasat
gilar gilar gumebyar madhangi
saindhenging wengi kang sepi

III
wengi iki kartika ing akasa
katon pucet tanpa greget
sangsaya gawe ati perih
: ringkih

karana ora bisa ngajak sliramu
bali ninggal bebendu
saha bebarengan maneh ngrasakake
banyu tawa kang engga wektu iki
tak simpen ana telenging dhadha

Rembang, 02 September 2010
wingit

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman