Sabtu, 28 Agustus 2010

Wengi Kang Cinidra

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 28 Agustus 2010 | 21.14.00 |
By: Allief Billah

Wengi Kang Cinidra

Rinengkuh dening wengi kang atis
mamring tanpa lintang lan rembulan
peteng dhedhet lelimengan

ora kaya wingi uni
ing wengi kang pungkasan
tak aras pipimu
lan tak kanthi tanganmu

sutra putih kang wus ginelar
katiup angin wengi lir kadya
tangan widadari ngawe awe
katon wus sirna ing sabar
nganti aku lan sliramu campuh ing rasa
nyawiji tunggal rasa kinanthi kidung asih

lembar mbaka lembar nganti ora kasariran
engga oncat jiwa kagiring rasa
ngulandara mring kayuwanan

campuh ing rasa luluh sampyuh
sirna sampurna nunggal rasa
nyawiji siji musna raga uga donya

gumregah langkah mijil janji
ora bakal ninggal mbaka siji
wengi kang nganthi aku uga sliramu nyawiji

nanging jebul janji
kagulung rerupek ati
goda samirana wewangen donya

wit witan wengi iki katon ngece
kepingkel gumuyu ningali pasuryanmu
kang katon suwung rinangkul pedhut

samar ngemu pitakon
ngelingake janji setya tuhu
marang wengi kang cinidra

Rembang, 28 Agustus 2010

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman