By: Allief Billah
Kendeng Kaya Ambeng
Nagari kang kawentar ing pangucap
gemah aripah tata tur raharja
nanging sanyatane mung aran
tata tingalana
tentrem mlempem
kerta tumraping sapa
raharja kanggone durjana
sawah pategalan dadi rebutan
antarane aktivis lingkungan
saha para tiran
tahun 2010 iki gumrembyeng
dadi pacelathon lan rerasan
gunung Kendeng kaya ambeng
padha reroyokan murih seneng
ora mrayogi kadang tani
sahu sumbersumber sing padha mati
Blora Rembang Engga Pati
pengusaha lan panguasa atine mati
dhuh Gusti kawula satemah memuji
karaharjan kawibawan kang sejati
nagari kang kawentar gemah aripah loh jinawi
panjang dawa pocapane
punjung luhur kawibawane
ora mung ana lambe
Rembang, 29 Agustus 2010
Selamat berjuang kawan kawan aktvis lingkungan
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar