Sabtu, 28 Agustus 2010

Dewi Kapan Anggonmu Bali

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 28 Agustus 2010 | 11.09.00 |
taman bungkul Sby

Allief Billah

Dewi Kapan Anggonmu Bali



Binarung swaraning gegodhongan
katiyup angin sore
manukmanuk katon ngiring teja ing akasa
bali mulih ana pangiyupane wit gedhe

sepuluh tahun kepungkur
ing bangku taman pojok desa
dadi seksi nalika aku ngucap janji
bakal gegandhengan reruntungan
ing alam bebrayan tumekaning alam kelanggengan

taman iki sepi mamring
mung aku lan rasa tresnaku
uga wewayangan kang sesliweran
nambah saya petenging atiku

tanpa ukara tanpa prakara
sliramu tega nyulayani janji suci
kang tansah tak ugemi
lungamu tanpa paran datan pamitan

sepuluh tahun anggonku ngenteni
dak rewangi kulak warta adol prungu
nanging kaya ganda arum rambutmu
kang campuh ing rasa sirna ing wujud
lungamu ora bali tumekaning wektu iki

tumekaning pati bakal tak anti
ora bakal sun nyulayani janji


Nimas ayu Dewi>>>Bungkul
Rembang, 28 Agustus 2010

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman