By: Allief Billah
Dewi Pepujaning Ati
Tumetesing embun wengi iki
ora kaya wingi uni
nalika tanganmu tak kanti
miyak petenging ratri
: memuji
ora krasa luh tumetes ing dadaku
nganti teles kebes ngrasakake
ringkihing ati raga lan jiwa amarga
rumangsa tansah kagoda gumebyaring donya
duh katresnanku lilanana
aku lunga ngupadi pepadhanging ati
tumungkul nyawiji mrih rahayu jati
ora mung lamis ing sak kebaking lambe
Dewi lilanana
aku pasrah sumarah
karana rumangsa wirang
tansah memuji mring gusti
nanging mung ana pucuking lati.
luhmu tumetes ngebaki dadaku kang matu
ewuh aya pambudimu duh katresnanku
sabar anggonmu leladi ngupadi kamulyan jati
gawang gawang katon pasuryanmu
byar sumunar dadi pepadhanging atiku
peteng gumeleng lelakonku
tanpa sliramu kang tansah dadi pepujanku
Dewi lungaku ngupadi pepadahang dalan
waluya jati, jati temah nirmala
Jumat, 27 Agustus 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar