Zamroni Allief Billah
SEKAR KEDHATON
Sumilire angin kang miyak wewayangan
saha taman kang kebak gegambaran
engga ngambar aruming gegandan
nyawiji sapucuking giri
teja sumilak miyak mega
gumilar dadi pepadhanging donya
mangsa wengi kang kebak samudana
sliramu kenya manuhara
pinuju seba
suwita
nugraha datan kinira
nadyan mung sadhela
satengahing ara ara sengara
campuh sampyuh ing rasa
tumeka telenging samudra
sirna ing wujud ngulandara
marang sliramu kang dadi kahyuna
kenya kang kinuswa samudra
prapta muruhita ing mega mega
: seba
Jombang, 11 September 2010
Minggu, 12 September 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar